Tembang macapat pucung

Pucung


Pucung (ana kalane tinulis pocung) iku tembang macapat kang ngelingke marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing ndonya ana pungkasane.
Ananging Pucung uga nduwe watak liya. Pucung iku jenenge wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kaya dene isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan.
Pucung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Metrum: Tembang Pucung mung ana patang gatra (larik) saben pada (bait).
  • 12-u, 6 -a, 8 -i, 12-a 
Tuladha:




Mangsan terang mangsane wong pada ngangsu

Akeh sing nelangsa

Sumur sumur pada garing 

Sawah sawah pada garing banyu langka
____________________________________________________
mang sane lagi angel nggo leti banyu

kali juga asat
siki donga marang gusti
saiki mangsane donga lan usaha
____________________________________________________
Saiki mangsane terang langka banyu 
Wong pada rekasa
Esuk sore pada lunga kali
Amargo saiki mangsane terang 


Nama kelompok :


  • Agus Nursiko (02)
  • Ali Yahya (03)
  • Ananda Irsyam (04)
  • Aryandika P (09)
  • Mahruf N (20)








Komentar