Langsung ke konten utama

Postingan

Unggulan

Tembang macapat pucung

Pucung Pucung  (ana kalane tinulis  pocung ) iku tembang macapat kang ngelingke marang pepati. Pucung cedhak karo tembung  pocong . Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing ndonya ana pungkasane. Ananging Pucung uga nduwe watak liya.  Pucung  iku jenenge wiji woh-wohan. Wanda  cung  uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kaya dene isih jaman di kuncung.  Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan. Pucung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungĂ© dikubur. Metrum:  Tembang Pucung mung ana patang gatra (larik) saben pada (bait). 12-u, 6 -a, 8 -i, 12-a  Tuladha: Mangsan terang mangsane wong pada ngangsu Akeh sing nelangsa Sumur sumur pada garing  Sawah sawah pada garing banyu langka _____...

Postingan Terbaru